Dumateng pangersanipun KH.
……………………………………………………………..Ingkang tansah kulo ta’dzimi
Dumateng pangersanipun KH. ……………………………………………………………..Ingkang
tansah kulo ta’dzimi
Soho poro Kyai-kyai sanesipun ingkang
mbten saged kawluo sebat setungal-setunggalipun ananging mbten ngirangi raos
hormat soho ta’dzim kawulo,
Dumateng Bapak Camat Kawunganten utawi
ingkang mewakili Ingkang tansah kulo hormati,
Dumateng Bapak Kepala Desa sa’perangkatipun
ingkang tansah kulo dereaken menggah peraturan-peraturanipun,
Dumateng pangersanipun poro bapak ,poro
ibu Wali santri, tamu undangan hadirin wal hadirat ingkang tansah dipunrohmati Alloh.
Langkung
rumiyin monggo kito tansah muji syukur dumateng Alloh swt ingkang sampun paring
mapinten-pinten karohmatan, kesehatan, soho inayahipun dumateng kulo lan
panjenengan sami sahinggo wonten ing wekdal Siang puniko kito sedoyo
saged makempal manunggal wonten ing meniko Majlis kanthi mboten wonten alangan
satunggal punopo, sholawat soho salam mugi tansah katetepaken dumateng
junjungan kito Nabi Muhammad saw. Lan mugi2 kito sedoyo kalebet umatipun
ingkang nampi syafatipun wonten ing yaumil qiyamah. Allohumma amiiin.
Hadirin wal hadirot ingkang tansah kawulo
hormati soho kawulo mulyaaken. Keparengo kawulo ing mriki mausaken menggah runtutipun
adicoro Pengaosan Akbar dalam rangka Haflatuttasyakur wal ihtiman PON PES Al
Hikmah Tegalsari ingkang bade lumampah ing wekdal siang puniko,
1. ingkang
sepindah inggih puniko pembukaan
2. Ingkang
kaping kaleh inggih puniko waosan ayat Suci Alqur’an soho Sholawat
Nabi
3. Ingkang kaping tigo
inggih puniko Sambutan-Sambutan
-
Sambutan Saking Pengasuh Pon Pes Al Hikmah Tegalsari
-
Sambutan Saking Bapak Camat
4. Ingkang kaping sekawan
inggih puniko Mauidzoh Hansah
5. Ingkang kaping gangsal inggih puniko Do’a
utawi panutup
Mekaten
wau menggah runtutipun Adicoro ingkang badhe kito lampahi pramilo gegandengan
wekdal sampun sawetawis siang monggo adicoro puniko kito bika sesarengan kanthi
waosan umul kitab kawulo derekaken alfatihah .........(selesai) mugi2 kanthi
waosan ummul kitab kolo wau sagedto nglancaraken Adicoro wonten
wekdal puniko
a. Ndungkap Adicoro ingkang kaping kalih
inggih puniko waosan ayat suci Alqur’an soho solawat, pramilo dumateng …………...kawulo
sumanggaaken sacekapipun (selesai). mekaten wau waosan ayat Suci Alqur’an soho
sholawat nabi ingkang dipun waos ….. mugi2 dados kesaenan kito lan panjenengan
sedoyo. Allohumma amin
b.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping tigo inggih
puniko sambutan-sambutan
- Sambutan ongko setunggal inggih puniko
saking Pengasuh Pon Pes Al Hikmah Tegal Sari Dumateng Panjenenganipun Agus KH.
Ulun Nuha ZA kawulo sumanggaken Sacekapipun… Dipun aturaken
matur sembah nuwun dumateng
panjenenganipun…
- Sambutan ongko kalih inggih puniko saking
Bapak Camat Kawunganten
- Sambutan ongko tigo inggih puniko saking
Bapak KASI PEKAPONTREN Kab. Cilacap
c.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping sekawan inggih
puniko Inti Pengaosan Akbar dalam rangka Haflatuttasyakur wal ihtiman PON PES
Al Hikmah Tegalsari dan Haul Ke 2 Al Maghfurlah KH. Zaenal Arifin, pramilo
dumateng Panjenenganipun Sohibul Fadilah Walkaromah K. Muhlis……………………. saking Kec. …………………… kawulo sumanggaaken sacekapipun. Dipun aturaken matur sembah nuwun dumateng Panjengenagnipun Mugi2o kita saged mendet
Hikmah Manfaatipun Mauidzoh Hasanah meniko Amiiin…
d.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping gansal inggih
puniko Do’a/penutup ananging sakderengipun dipun do’ani/dipun tutup kawulo atas
nami Pranoto adicoro mbok bileh onten kalepatan soho kekirangan anggen kawulo
matur ,kawulo nyuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah – kathahipun….Wasalam…
Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
*Istirahat -__ Dumateng Poro Hadirin Wal Hadirot Ingkang Sampun Nampi Pasugatan kawulo aturi ngersaaken kanti merdeko…
Post a Comment
Silahkan komentar dengan bahasa yang baik dan benar