Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.
Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo
hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila monggo hadicoro
pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.
Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo
waosaken menggah susunan acara ingkang bade kito lampai :
1. Pambuka
2. Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok
rondo malam....)
3. Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng
bpk...
4. Pembukuan
5. Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua
Paguyuban)
6. Panutup
Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak
kathi waosan basmalah...
Acara sak lajengipun sambutan saking tuan
rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam...)
Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun
amalan milo wekdal Kasumanggaaken dumateng bpk....
Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal
kasumanggaaken dumateng ing kang tinanggenah.
Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo
hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang kagungan dalem kito kacaosan
unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun katuran dahar soho
ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito sedoyo pramilo kito
langkung rumiyen doa sesarengan.
Acara sak lajengipun lain2 namung
sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua paguyupan.
Acara sak lajengipun penutup.
Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito
syukuri kanthi waosan hamdalah.
Lan saking kulo ambok
bilih anggen kulo nderek
aken adicoro ing dalu punika katha klenta klentu kulo nyuwun agunging pangapunten.
Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb
Post a Comment
Silahkan komentar dengan bahasa yang baik dan benar